KANCA SELAWASE

 Jenengku Aldi, aku duwe kanca sing jenenge Fian. Fian kiye kancaku awit cilik. Wonge apikan banget senajan mandan jail. Aku karo Fian biasa ledek-ledekan, tapi ya tetep bisa saling menghargai.

Saben dina aku karo Fian mangkat lan bali sekolah bareng-bareng. Kebeneran, umahku karo umahe Fian ya jejeran. Dadi kepenak nek mangkat lan bali sekolah bareng.

Dina kiye ora kaya biasane. Fian sing ora tau lat nyamper aku nek jam mangkat sekolah dina kiye or aketon acan bocahe. “Apa mriyang ya…?” batinku. Dadi aku sing marani maring umahe. Nanging umahe ya sepi nyenyet.

“Apa Fian lagi lunga ya…? Deneng ora crita apa-apa wingi kae..?” sedawane mlaku ming sekolahan aku mbatin karo bingung. Ora krasa aku wis butul sekolahan. Fian ya ora katon sedina kue. Kanca-kanca jelas pada takon ming aku kenangapa Fian ora mangkat. Wong aku sing biasa rantang-runtung karo bocah kae. Ditakoni kaya kuwe aku ya tambah bingung. Wong nyatane aku juga ora ngerti Fian lagi meng ngendi.

Bali sekolah aku meng umaeh Fian maning. Esih sepi nyenyet. Malah neng gerbange ana kertas temempel sing tulisane “DISITA KPK”. Atiku mak deg. “Ana apa kiye….?” Batinku. Awak uga krasa lemes dedes. Akhire aku milih bali ngumahku dewek. Butul ngumah, Ibuku tembe crita. Ternyata mau pas aku lagi sekolah, ana rombongan KPK sing teka ming umahe Fian. Tim sekang KPK mau nyita kabeh sing ana neng kana. Manut kabar sing beredar, Bapake Fian sing kalebu salah siji pejabat neng salah sijine dinas neng kotaku kuwe kena kasus korupsi. Lha siki Fian manggon neng umaeh mbaeh karo ibu lan adine.


Ora ngenteni suwe aku banjur njukut pit, banjur lunga maring umaeh mbaeh Fian sing ora patia adoh sekang umahku. Mung beda kelurahan. Neng kana aku ketemu Fian. Fian katon sedih banget. Dheweke jere isin soale bapake kenang kasus korupsi. Dadi ora gelem mangkat sekolah.

“Wis, sing wis kedaden ya wis. Ko ora perlu isin. Sing jenenge wong mesti duwe cobane dhewek-dhewek. Aja gara-gara kedadean kiye malah akhire mubah sekabehane. Termasuk sekolahmu.” Aku njajal ngomongi Fian.

“Tapi aku bener-bener isin Al. Mesti kanca-kanca bakal ora gelem srawung maning karo aku.” Saure Fian.

“Aja mikir sing ala-ala disit. Sing jelas aku tetep dadi kancamu lan ora bakal isin srawung karo ko. Tenang bae yaa…” saurku kanggo gawe Fian bombong.

“Alhamdulillah, aku bersyukur banget maring Gusti Alloh, soale Gusti Alloh wis paring kanca sing apikan banget kaya ko Al. Maturnuwun ya tetep gelem dadi kancaku.” Fian wis keton mandan bombong.

“Kalem bro…. Dadi ngesuk mangkat sekolah ya… Sekolah sepi langka ko, ora nana sing teyeng tek jaili soale.” Saurku kambi ngguyu.

“Ooo dasaar…” saure Fian karo nabok lengenku.


Siki, sewise bocah-bocah pada maca cerkak mau, jajal wangsulana pitakonan sing ana neng Google Form kiye, kanggo ngukur sepira pemahamanmu ngenani cerkak neng nduwur!

Kanggo nggarap, klik link kiye.


Share:

0 Comments:

Posting Komentar